Kalang Kinantang

Keterangan Bibliografi
Penerbit : Interlude
Pengarang : Iman Budhi Santosa
Pengarang 2 :
Kontributor :
Kota terbit : Yogyakarta
Tahun terbit : 2021
ISBN : 9786236470152
Subyek : Novel Jawa
Klasifikasi : 899 Ima k
Bahasa : Bahasa Jawa
Edisi : Cet. 1
Halaman : 184 hlm.
Status fiksi : Buku Fiksi
Lokasi : Rak 800
Jenis Koleksi Pustaka

Novel

Abstraksi

Asmane Iman Budhi Santosa kondhang minangka sastrawan abasa Indonesia uwis ora bisa diselaki maneh, nanging ing antologi crita cekak (crikak) Kalang Kinantang iki, katon menawa dheweke uga baud nulis nganggo basa Jawa. Malah, rasane Iman Budhi Santosa kuwi dudu pengarang abasa Indonesia, nanging satemene pengarang abasa Jawa. Werdine, wolulas (18) crita cekak sing dilebokake ing taman sari Kalang Kinantang iki nggambarake sepira baud lan panane dheweke migunakake basa Jawa bisa kanggo saranane mbabar prakara urip (sing malah tau kelakon ing madyaning uripe si pengarang). Mula maca taman sari crita cekak iki, krasa yen kaya dudu fiksi, kaya dene cathetane sejarah sing ngarang. Iki sing mbedakake crita cekak Jawa bisa dadi perangane urip bebrayan agung Jawa, sarta malah dadi pangangen-angen sing mranani.

Iman Budhi Santosa, tansah temen-manther (serius) menawa wus nganggit yasan sastra, lan apa sing ditulis iku ora mung tumus saka gagasan sing kumliwer tanpa tanja tumekane, nanging saka prakara sing katalisik kanthi permati. Antologi Kalang Kinantang dadi salah sawijing paseksen satuhu mungguh kapriye babaring budayaning bebrayan agung Jawa ing sajroning karya sastra sing kawujudake dening Iman Budhi Santosa.

(Dhanu Priyo Prabowo - Peneliti/Penulis Sastra Jawa)

Inventaris
# Inventaris Dapat dipinjam Status Ada
1 7060/B/2026.c1 Ya
2 7061/B/2026.c2 Ya